Postingan

Menampilkan postingan dari 2015

Wejangan Pini Sepuh

Monggo podho di woco : "WEJANGAN PINI SEPUH" *Rejeki iku ora iså ditiru....,  Senajan pådå lakumu,  Senajan pådå dodolanmu,  Senajan pådå kerjåmu,  *Hasil sing ditåmpå bakal bedå2....,  Iså bedå nèng akèhé båndhå,  Iså ugå ånå nèng Råså lan Ayemé ati,  Yåaa iku sing jenengé bahagia.... *Kabèh iku såkå tresnané Gusti kang måhå kuwåså.....,  Såpå temen bakal tinemu,  Såpå wani rekåså bakal gayuh mulyå.  Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi..... *Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing kuwåså, Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendinané...., Nanging kadhang menungså sulap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé,  Nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå. *Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungså såkå lair tekan